| Home | Bacaan Harian | Support Renungan Pagi | Renungan Minggu Ini | Kisah Para Kudus | Katekese Iman Katolik | Privacy Policy |

CARI RENUNGAN

>

Minggu, 25 November 2012 - Hari Raya Kristus Raja Semesta Allam



Minggu, 25 November 2012
Hari Raya Kristus Raja Semesta Allam
Dan 7:13-14; Why 1:5-8; Yoh 18:33b-37

Hari ini kita merayakan HR Kristus Raja Semesta Alam, yakni Minggu terakhir dari Tahun Liturgi B. Minggu depan, kita sudah memasuki Minggu Adven I di Tahun Liturgi C. Bacaan-bacaan yang barusaja kita dengarkan dan sekarang hendak kita dalami, mengajak kita untuk semakin mengenali dan mengimani Yesus yang telah diangkat oleh Allah untuk merajai alam semesta, termasuk kita semua.

Iman bahwa Yesus adalah raja, sudah dinyatakan kepada kita sejak sebelum kelahiran-Nya. Ketika Gabriel menyampaikan warta gembira kepada Maria, sudah dinyatakan bahwa Yesus yang akan dikandung dan dilahirkan Maria akan menjadi raja sampai selama-lamanya dan Kerajaan-Nya tidak akan berkesudahan (bdk. Luk 1:33). Kisah kelahiran Yesus yang disusul dengan kisah orang-orang Majus dari Timur yang mencari raja orang Yahudi (Mst 2:2) semakin menegaskan bahwa Yesus memang seorang raja.

Injil hari ini, yang merupakan bagian awal dari kisah sengsara-Nya juga menegaskan bahwa Yesus adalah seorang raja. Kali ini, pengakuan bahwa Ia adalah raja tidak datang dari orang lain tetapi dari Yesus sendiri yang membenarkan kata-kata Pilatus, “Seperti yang kaukatakan, Aku adalah Raja. Untuk itulah Aku lahir, dan untuk itulah Aku datang ke dunia ...” (Yoh 18:37). Jadi setidaknya ada tiga kesaksian yang menegaskan bahwa Yesus adalah Raja, yaitu Malaikat Gabriel (Luk 1:33), para Majus dari Timur (Mat 2:2), dan Yesus sendiri (Yoh 18:37).

Bagaimana dengan kita? Tentu saja, kita pun mengakui Kristus sebagai Raja. Namun, pengakuan kita bahwa Kristus adalah Raja harus didasari pemahaman yang benar mengenai raja semacam apakah Dia itu? Injil Yohanes menegaskan bahwa Yesus adalah Raja tetapi Kerajaan-Nya bukan dari dunia ini (Yoh 18:36). Artinya, Yesus bukanlah raja dalam kategori dan ukuran-ukuran duniawi. Dia bukan raja yang tampil dalam kemegahan duniawi tetapi dalam kesederhanaan. Dia tidak dilahirkan di rumah (sakit) mewah tetapi di kandang ternak, tidak dibaringkan di atas tempat tidur yang empuk dan wangi tetapi di atas palungan yang mungkin berbau kotoran ternak (Luk 2:7). Dia tidak tinggal dalam Kerajaan dengan bergelimang harta tetapi selalu berkeliling ke semua kota dan desa (Mat 9:35) bahkan tidak mempunyai tempat untuk meletakkan kepala-Nya (Luk 9:58). Tahtanya juga bukan singgasana yang megah tetapi palang salib yang bertuliskan “Yesus, orang Nasaret, Raja orang Yahudi” (Yoh 19:19 – INRI= Iēsus Nazarēnus, Rēx Iūdaeōrum).

Sebagai seorang Raja, Yesus tidak berasal dari dunia ini (Yoh 8:23) dan juga tidak bermaksud untuk menjadi penguasa dunia yang mengambil alih atau mendirikan pemerintahan politis. Kerajaan-Nya adalah Kerajaan Allah. Karena Allah adalah pencipta dan penguasa seluruh alam semesta, maka Kerajaan-Nya juga meliputi seluruh alam semesta, langit dan bumi dengan segala isinya. Maka, kalau Yesus diberi kedudukan sebagai raja dalam Kerajaan Allah, berarti Ia adalah Raja semesta alam.

Pengangkatan Kristus sebagai raja semesta alam ini antara lain dinyatakan dalam hymne yang terdapat dalam Flp 2:5-11: “Kristus Yesus, yang walaupun dalam rupa Allah, ... telah merendahkan diri-Nya dan taat sampai mati, bahkan sampai mati di kayu salib. Itulah sebabnya, Allah sangat meninggikan Dia dan mengaruniakan kepada-Nya nama di atas segala nama, supaya dalam nama Yesus bertekuk lutut segala yang ada di langit dan yang ada di atas bumi dan yang ada di bawah bumi, dan segala lidah mengaku: Yesus Kristus adalah Tuhan,bagi kemuliaan Allah, Bapa!” Inilah kebenaran yang dipersaksikan Yesus sebagaimana Ia sendiri menyatakan “... Aku datang ke dunia ini, yakni untuk memberi kesaksian tentang kebenaran” (Yoh 18:37). Menurut Injil Yohanes ini, “kebenaran” yang dipersaksikan Yesus ialah kehadiran Allah dalam diri-Nya untuk merajai kita. Dengan kata lain, ia datang ke dunia dan tinggal di tengah-tengah kita untuk menegakkan Kerajaan Allah atau pemerintahan Allah di dunia ini. Sebab, dalam diri-Nya Allah hadir untuk merajai, memimpin, melindungi, menjamin dan menyelamatkan kita.

Raja Kristus adalah raja yang penuh kasih. “Dia mengasihi kita, dan berkat darah-Nya Ia telah melepaskan kita dari dosa-dosa kita” (Why 1:5). Kalau raja-raja dunia ini duduk di atas tahta yang megah dan mewah, yang sudah diletakkan oleh para abdinya di tempat terhormat, tidak demikian bagi Raja Kristus. Tahta-Nya adalah kayu salib yang dibawa-Nya sendiri dan kemudian ditegakkan di puncak gunung Golgota (Golgota: tempat tengkorak). Dari atas salib itulah, Ia menumpahkan darah-Nya untuk menebus dan menyelamatkan kita.

Maka, marilah kita bersyukur karena kita dianugerahi seorang raja yang demikian mengasihi kita. Bahkan Ia rela nglabuhi kita dengan mengorbankan diri-Nya untuk menyelamatkan kita. Sudah sepantasnya kita menggabungkan diri dengan segala bangsa, suku, dan bahasa untuk mengabdi kepada-Nya (bdk. Dan 7:14). Marilah kita selalu berusaha untuk menjadi abdi-abdi-Nya yang setia. Ada 3 hal penting yang harus kita perhatikan untuk menjadi abdi yang baik: 
  1. Tekun dan setia melakukan pisowanan kepada Sang Raja. Artinya, kita tekun dan setia sowan kepada Tuhan dalam doa, devosi, dan terutama Perayaan Ekaristi.
  2. Rela dan dengan penuh sukacita caos bulu bekti glondhong pengareng-areng. Artinya, kita rela mempersembahkan diri kita kepada Tuhan bagi pelayanan kepada sesama sesuai dengan tugas, panggilan dan perutusan kita masing-masing.
  3. Raja itu mempunyai wibawa sabda pandhita ratu, tan kena wola-wali, rata tiyang sak negari. Artinya, kita harus dengan tekun dan setia memperhatikan serta melaksananak Sabda Tuhan dalam hidup kita sehari-hari. 

RD. Ag. Agus Widodo 

============================================

 BAHASA JAWA:


Riaya Sang Kristus Nata
Dan 7:13-14; Why 1:5-8; Yoh 18:33b-37
Dina iki, awake dhewe ngiyayakake Sang Kristus kang jumeneng Nataning alam sawegung. Awake dhewe diajak neguhake pengandel kita marang Sang Kristus kang rawuh ing alam donya lan jumeneng nata. Wiwit sekawit, sadurunge rawuh ana ing donya, Sang Kristus wus diwedharake minangka nataning alam sawegung. Marang Ibu Maria, Malaekat Gabriel ngandharake menawa Ibu Maria bakal nggarbini lan mbabar putra kakung, kang kudu tinengeran asma Yesus. Panjenengane bakal jumemeng nata ing salawase lan kratone tanpa wekasan (Luk 1:33). Apa sing diandharake Injil Mateus, bab para sarjana saka tanah wetanan kang padha nggoleki “nataning bangsa Yahudi” (Mat 2:2) saperlu sujud manembah lan caos pisungsung marang Panjenengane, sangsaya neguhake menawa Sang Kristus iku pancen Nataning alam sawegung.
Injil dina iki, uga ngandharake menawa Sang Kristus piyambak uga ngakoni Panjenengane iki pancen Ratu kang rawuh jumeneng Nata. Marang Pilatus kang ndangu Panjenengane, Gusti Yesus paring wangsulan: “Panjenengan sampun mastani, Kula menika Ratu” (Yoh 18:37). Dadi, paseksen bab Sang Kristus kang jumemeng Nata ora mung asal saka manungsa (para sarjana), nanging usa saka malaikat (Gabriel) lan saka Gusti Yesus piyambak. Malah kepara, uga saka Allah Hyang Rama kaya sing diandharake St. Paulus ana ing serate marang umat ing Filipi, “Panjenengané wis diluhuraké déning Gusti Allah ana ing papan sing dhuwur dhéwé, lan diparingi pangwasa sing ngungkuli sakèhing pangwasa. Supaya sakèhing titah sing ana ing swarga lan ing bumi, apa déné ing sangisoring bumi padha sujud, lan ngakoni yèn Yésus Kristus kuwi Gusti, lan srana mengkono Gusti Allah, Sang Rama, kaluhuraké.” (Flp 2:8-11)
Sang Kristus mono pancen Sang Nata. Nanging Kratone ora asal saka ing donya iki (Yoh 18:36). Tegese, Panjenengane dudu ratu kaya dene pangwasa ing alam donya iki. Panjenengane dudu pangwasa kang karoban bandha lan raja kaya, nanging kang sarwa prasaja. Ora miyos ana ing papan kang sarwa kepenak, nanging ana ing kandhang kewan; ora disareake ana ing peturon sing empuk lan wangi, nanging ana ing pamakanan sing mambu tlethong (Luk 2:7). Panjenegane ora mung ngenak-enak ana ing kraton kang sarwa apik lan kecukupan, nanging malah mider-mider nglari kutha lan desa (Mat 9:35), nganti ora kagungan papan kanggo nyelehake mustakane (Luk 9:58). Dhampare uga dudu dampar keprabon saka emas utawa inten, nanging kayu salib kang tinulisan “Yesus saka Nazaret, Ratune wong Yahudi (Yoh 19:19 – INRI= Iēsus Nazarēnus, Rēx Iūdaeōrum).
Saiki, apa tegese Sang Kristus jumeneng Natating alam sawegung? Ana ing Injil mau diandharake menawa Kraton Dalem Sang Kristus iku ora asal saka ing donya iki (Yoh 8:23). Kraton Dalem iku ora liya ya Kratoning Allah. Lan, amarga Gusti Allah iku kang nitahake lan nguwasani alam sawegung, mula Kraton Dalem ya nganti tekan ing saindhening jagat. Dadi, manawa Sang Kristus jumeneng nata ing Kratoning Allah, iku ateges Panjenengane uga juneneng Nataning alam sawegung.
Minangka Nataning alam sawegung, Sang Kristus rawuh ing donya saperlu asung paseksen bab kasunyatan (Yoh 18:37). Miturut Injil Yohanes, kasunyatan kang dikarsaake Gusti yaiku kasunyatan bab rawuh Dalem Gusti Allah ana ing diri pribadine Sang Kristus saperlu jumeneng nata ana ing tengah-tengah kita. Dadi, Sang Kristus, bebarengan karo Hyang Rama lan Hyang Roh Suci mengku keprabon lan jumenengan Allah ing satengah-tengah kita. Ana ing pribadi Dalem Sang Kristus, Gusti Allah ngratoni, nuntun, njangkung, njamin, lan paring karahayon marang kita kabeh.
Sang Kristus iku Nata kang ambeg welas asih, kaya sing diandharake ana ing waosan kapindho. “Gusti Yesus Kristus iku seksi satuhu, pembajenge sing padha tangi saka ing pati, lan Nataning para nata sadonya. Panjenengane tresna marang aku lan mbirat dosa-dosaku mawa rah Dalem” (Why 1:5). Mula bener, yen dhampar Dalem iku kayu pamenthangan awit ya ing kono, Panjenengane ngurbanake sarira kanggo nglabuhi lan nebus kita.
Mula, wus jamak lan salumprahe, awake dhewe padha muji syukur ingarsa Dalem Allah, awit kita pinaringan Sang Kristus kang banget tresnane marang kita. Bebarengan karo sakehe bangsa, suku lan basa, padha ngabdi Gusti kanthi temen lan setya ing ngarsa Dalem Gusti (Dan 7:14). Ana telung prakara sing kudi kita gatekake supaya kita bisa dadi abdi Dalem Gusti sing becik:
  1. Abdi mono kudu temen lan setyo anggone sowar marang Sang Nata. Tegese, awake dhewe kudu sregep sowan Gusti lumanter sembahyangan, devosi, lan lan luwih-luwih bojana kurban mis suci.
  2. Abdi uga kudu caos bulu bekti glondhong pengareng-areng kanthi gumolonging ati. Tegese awake dhewe rila legawa lan kanthi gumolonging ati padha misungsungake urip kita konjuk ing Gusti kanggo ngabdi Gusti lan ngladeni pepadha, kanthi nindakake timbalan, pakaryan, lan jejibahan kita sak apik-apike. 
  3. Ratu iku nduweni wibawa sabda pandhita ratu, tan kena wola-wali, rata tiyang saknegari. Mula awake dhewe kudu temen anggone ngrungokake lan nindakake Sabda Dalem Gusti.

terima kasih telah mengunjungi renunganpagi.id, jika Anda merasa diberkati dengan renungan ini, Anda dapat membantu kami dengan memberikan persembahan kasih. Donasi Anda dapat dikirimkan melalui QRIS klik link. Kami membutuhkan dukungan Anda untuk terus menghubungkan orang-orang dengan Kristus dan Gereja. Tuhan memberkati

renunganpagi.id 2024 -

Privacy Policy